Jumat, 15 Januari 2016

MOTIF SAJRONE CERKAK KADURJANAN LAN WIT PELEM




 MOTIF SAJRONE CERKAK KADURJANAN LAN WIT PELEM

a.   Wicaksana
               Wicaksana yaiku sipate manungsa sing nalika numindakake samubarang tansah nggunakake akal budine. Manungsa minangka makhluk ciptaane Gusti Alloh duweni akal sing bisa kanggo mikir .Mula Sadurunge numindakake apa wae manungsa iku kudu tansah nimbang becik alane saka tumindak sing arep dilakoni. Saengga tumindak ora ngrusa-ngrusu lan dipikir kanthi ati lan pikiran sing wening. Supaya sing ditumindake iku ora nglarani liyan lan ora nerak norma-norma ing bebrayan. Wong sing nglakoni tumindak kanthi ati lan pikiran wening ora gampang kena umbyuke liyan kaya pethikan iki;“Kersane Bulik. Pelem kemawon lho, mbokbilih pas pengin ngrujak,” (JB:31:28). "Ora apa-apa, Dhe. Wong pelem wae. Ya mung sayange kok ora ngengeh sak djompol wae...” (JB:31:29)
          Pethikan ing ndhuwur nduduhake yen wong sing duweni pemikiran lan ati sing wening bisa nyikapi perkara kanthi diwasa. Ora mung nggunakake okol ning uga akale. Tumindak ing ndhwur nduduhake yen paraga kasebut kalebu wong sing wicaksana. Amarga sajrone nglakoni tumindak, dheweke tansah nggunakake akal budine ora kesusu menehi prasangka sing ala, saengga apa wae sing dilakoni ora nuwuhake perkara anyar lan bisa ngudari perkara kanthi sareh lan kekeluargaan.
Sipat wicaksana bisa tuwuh amarga tegangan-tegangan sing ana ing prangrasa oleh tetimbangan saka akal sing berbudi luhur. Saengga tegangan-tegangan sing wayahe nduweni perbawa sing negatif kang bisa nuwuhake rasa mangkel bisa owah dadi tegangan sing perbawane positif. Si paraga aku ing cerkak Wit Pelem bisa nrima lan mangerteni tumindake paraga liyan sing murang tata mau.

b.      Agresi
                   Prasangka nesu sing ana sesambungane karo keteganngan lan kegelisahan sing cundhuk menyang tumindak ngrusak lan nyerang. Agresi ana loro yaiku langsung lan pengalihan.   Agresi langsung yaiku agresi sing diwedhar  kanthi langsung menyang sawijine wong sing dadi sumber frustasi. Kanggone wong diwasa agresi iki wujude verbal.  Tuladhane kaya pethikan ing ngisor iki.
“Wit  pelem kuwi kudu ditegor! Plantaranku pecah kabeh semene. Lek awakmu ora gelem negor, witmu pelem daktrasi ben garing mati. Apa perlu dakceluk kancaku petugas pertamanan kutha maneh?”(JB:31:28)
               Agresi kang wujude verbal iki bisa gawe munggah emosine liyan. Seangga bisa nuwuhake nesune liyan lan pungkasane padha padu. Nesu yaiku sipat sing tuwuh amarga kaanan tertamtu sing ora dipengenake dening pawongan utawa individu. Nesu minangka sipat ala sing bisa nuwuhake tumindak ala, kyata rajapati, kadurjanan, lan tumindak liyane. Tumindak mau sing bisa gawe culikane awake dhewe lan wong liya. Akibat sing tuwuh saka sipat nesu bisa kalebu tumindak kriminal lan bisa dikunjara lan oleh denda. Wong sing urip bebrayan kudu bisa ngendalekaki emosine. Supaya ora gampang congkrah lan padu karo tangga. Ora kaya pethikan ing ngisor iki:
...sikape Tarji lan kulawargane omah marang aku sak kulawarga kaya mungsuh sikape. Jalaran dheweke nate nembung marang aku arep nempil omahku sing ben omahe dadi amba gek aku ora oleh. (JB:31:28)

Pethikan ing nduwur nduduhake yen ana tegangan kang tuwuh saka konsentrasi dhuwur sajrone dhirine paraga Tarji ing cerkak Wit Pelem. Tegangan mau diarani motif. Saka pethikan ing ndhuwur bisa diweruhi yen ana rasa kuciwa. Rasa mau tuwuh saka panampike paraga liya nalika paraga Tarji pengin nuku omahe si paraga aku. Rasa kuciwa kasebut bisa terpuaskan yen konsentrasi energi kuciwa mau mundhun saengga merbawani taraf tegangan  sing pungkasane gawe atine si paraga Tarji seneng ora kuciwa maneh.

c.       Kuwatir
Rasa kuwatir tuwuh saka sipat sing gampang meri barang liyan. Wong sing gampang meri ing uripi mesthi ditutake rasa kuwatir. Kuwatir yen kesaingan karo wong liya utawa ora bisa nyaingi wong liya. Supaya ora kesaingan lan bisa ngaingi wong liya tumindak apa wae bakal dilakoni. Ora nimbang becik alane kanggo awake dhewe lan kanggo wong liya. Tuladhane kaya pethikan ing ngisor iki;
“ Mesthi melik bengkok kidul ndesa kae, Lik”. (JB:31:29)
“Menika wau, Pak Carik ngutus kula supados ngakeni menawi kula ngandhut wijine. Pak Lurah. Kula nggih mboten purun...(JB:32:29)

Pethikan ing ndhuwur nduduhake yen tumindak apa wae bakal dilakoni supaya bisa ngeser lan nyaingi wong liya. Kamangka tumindake kasebut bisa ngrugekake malah bisa nyilakani liyan. Rasa kuwatir sing diduweni paraga Carik Mardi ing cerkak Kadurjanan kasebut tuwuh saka konsentrasi energi negatif sing ana sajrone dhirine lagi dhuwur saengga taraf tegangane uga dhuwur. Perkara iki merbawani rasa ora puase. Akibate dheweke nglakoni tumindak sing ala kayata pitenah, nyebarake warta sing ora bener, dadi dalang ontran-ontran, lan ngapusi utawa ngakali pak camat.Tumindak-tumindak iki dilakoni dening paraga Tarji awit dheweke nduweni anggepan kanthi nglakoni tumindak sing kaya mangkono nalika dheweke macung lurah ora bakal disaingi dening pak lurah lawas. Saengga rasa kuwatire mudhun lan tuwuh rasa puas utawa seneng.

d.      Wedi
Rasa wedi tuwuh amarga si pawongan rumangsa ora aman, kaya-kaya ana anceman saka jaban dhirine. Rasa wedi uga ana sing tuwuh saka sajrone dhirine dhewe. Wong sing duwe akeh dosa utawa salah cenderung nduweni rasa wedi sing banget. Ora ana apa-apa nanging rumangsane ana sing ngancam kaslametane dheweke.  Rasa wedi iki nuwuhake konsentrasi energi sing dhuwur ing sajrone dhirine paraga Carik Mardi ing Cerkak Kadurjanan. Saengga kacipta tegangan sing dhuwur uga pungkasane tuwuh rasa sing ora jenak, kepengin mlayu amarga diuber rasa bersalahe dhewe. Kaya kapethik ing ngisor iki;

Carik jumangkah mlebu ana kantor. (JB:32:29)
“Pak Kapolsek sumangga dipuntlisik kabar angin menika.”
Saka mburi  kaca riben, praupen Carik Mardi sansaya katon mbranang... Lan let sedhela dumadhakan banjur ana swara mak gedhebrug, kaya ana kang ambruk,..(JB:32:29)

Saka pethikan ing ndhuwur bisa didelok yen katon banget rasa wedine Carik Mardi. Saka rasa wedine mau banjur tuwuh pepenginan mlayu supaya ora dicekel pulisi. Rasa wedine Carik Mardi bisa tuwuh amarga konsentrasi energi negatif ing awake tagi dhuwur lan nyebabake taraf tegangane uga dhuwur sing nuwuhake rasa kepengin mlayu lan pungkasane dheweke malah semaput. 







Tidak ada komentar:

Posting Komentar