TRESNA WARANGGANA
Udan sore iki ngesokake sakehe banyu langit kaya ora ana
oncate. Tetes baka tetes nelesi panduluku. Mata sansaya brabak. Ora bisa dakempet
rasa lara atiku. Dakempet-empet nyatane ora mampet sansaya dleweran. Tumetese
iluhku merga sliramu. Sliramu sing daktresnani tibane saiki dadi duweke
dheweke. Dheweke sing ujuk-ujuk ana ing antarane aku lan sliramu. Iki pancen
dudu salahmu apamaneh salahe dheweke. Nyata-nyata iki salahku. Aku salah, aku
salah wis tresna marang sliramu. Yen ta iki takdir saka Gustiku gelem ora gelem
kudu daklakoni.
“An…
Ayo sholat maghrib jamaah.” Swarane Nur ngagetne lamunanku.
“iya
Nur.” Banjur aku semaur karo mlaku menyang kamar njupuk rukuh.
Kosanku ora adoh saka
Masjid Al Kubro, dadi aku lan Nur asring sholat jamaah bareng. Nanging lek pas
eling. Hehehe…. .Yen lagi kakehan pikiran senenganku ngadheg ing balkon Masjid,
untung masjide tingkat loro. Kaya sore iki. Sabubare sholat Maghrib aku
nyawang-nyawang suwasanane masjid Al Kubro sakiwatengene. Mata nyawang
mrana-mrene ning ati lan pikiranku ngrembayung menyang pawongan sing tas-tas
iki gawe galaune atiku.
“Jan-jane
ki awakmu kuwi mikir apa ta An?” ujuk-ujuk Nur ana sisihku.
“ora
mikir apa-apa kok Nur.”
“halah
aja ngapusi, aku iki kancaku kawit SMP dadi ngerti padatanmu. La wong nyekukruk
kaya ngene kok jare ora ana apa-apa. Hayo blakaa wae ana apa ta jane?”. Nur
sajak ngrasa ana bab kang disinggitake.
“nyekukruk,
pitik ye masa mu.” Karo mesem menyang kanca raketku siji iki.
“mbok
ya ngono mesem ja mrengut wae.”
“halah
apa ta we ki, ayo mudhun. Daktraktir baksone Cak Gun”
“lah
padine nylimur ta, ngerti aku.”
“wis
ta ayo.”
Wengi iki rasane dawa banget. Kaya-kaya pengen ndang isuk. Gek
kuliyah, pethuk sliramu maneh. Pancen nelangsa yen ngesir bocah tungal kelas
kuwi. Nanging penake kena gawe kanca jor-joran. Mulai semester loro kapungkur
aku lan slirane jor-joran ing babagan pelajaran. Masiya nganti semester telu
iki aku sing kalah ning rasane seje yen ana kancane jor-joran.
cd
Isih eling, jaman maba dhisik. Sliramu tansah ngengeti aku
saka kadohan. Ana wae sing kok gatekake. Emboh caraku lungguh, caraku maem,
caraku turu yen ing kelas. Wis ana-ana wae sing kok clatu. Aku ora ana pikiran
apa-apa. Merga jaman semana sliramu ngesir kanca raketku (nalika jaman semana,
saiki wis ora). Nanging merga isih maba dadi during padha wani ngomong,
kamongka sakloron padha demen. nanging durung wayahe palinga. Semester loro
nalika UP, sliramu dadi pangarsa panitiya lan aku dadi panitiya konsumsi. Meh
rong sasi latihan bengi ing kampus. Nalika ana salah sawijine bengi aku krasa
ana rasa kang ujuk-ujuk cumondhok ing atiku. Ana rasa kang ujuk-ujuk njerit
saka poncotaning ati.
“Aku
sayang Sliramu.”
cd
Rasa
iki, rasa sing tekane ora isa dakundang. Rasa kang ana sakarepe dhewe. Wiwit
wektu iku aku ngupadaya amprih rasa iki dakgawe dhewe. Ora dakwenehne sliramu.
Aku ngapusi awakku dhewe. Merga nalika ngilo ana swara lirih kang alok. “Apa kowe pantes sesandhingan karo jaka kae?
Apa sing bisa kok unggul-unggulne? Apa kowe wis lali sapa sira sapa dheweke?” Tuwuh rasa ciut ing ati iki. Ora ana daya
maneh kanggo mangsuli pitakon-pitakon iku mau. Mung eluh kang tumetesan
dleweran ing pipi kang semaur. Sajak ora trima marang kahanan, ning arep ngapa
yen iki pancen wis ginarise Gusti.
Arepa ngoyak kanthi kaya ngapa bae, yen tresna pancen wis
dipengggak dening takdhir ora bakal bisa
kacandhak. Nanging yen ora kecandhak ora ateges wis ora ana tresna. Nanging
panggah ana tresna kanggo dheweke. Dheweke kang dadi pepujaning atiku. Masiya
tresna iki tresna waranggana kaya tembange campursari iki.
TRESNA WARANGGANA
Nelangsa rasa rasane
Tanggis njroning atiku
yen kelingan esem gemuyungmu
laras swara gendhing tresna gawe
kangen ing atiku
tansah eling aku ro sliramu
Dhuh kangmas satenan aku
ngerti atimu
Ning wis pastine aku dudu
jodhomu
Pancen rasa kari rasa
kudu lila nggon mu nrima
lilakna aku nyandhing
wadon liya
Ra krasa wis sewindu nggon ku ora
ketemu
Deg-degan ati krungu swaramu
Aku mung bisa dedonga
Waranggana sing tresna muga bisa
urip nandhang mulya
Dak tulis lakon tresnamu
ing gendhing katresnanku
Tak tembangne saben kangen sliramu
Satenane aku nangis
Nanging tresna wis ginatis
Tak lakoni kanthi ehlas
ati
Wuyungku ngelayung ngembara ing
awang-awang
Tanpa bisa nyanding aku mung bisa
nyawang
Tumetes eluh ku mblebes mili ana
pipi
Apa tresna iki pancen ra kudu
nduweni
Wis lilakna aku cah ayu
Wis cukup lalekna
Lelakon tresna iki bakal
dadi crita
tresna waranggana
Satemene aku ora bisa
sapleng lila yen dheweke nyandhing kenya liya. Ora arang ana rasa cemburu yen weruh
slirane karo kenya liya. Nanging aku sadar, sapa aku iki?. Aku mung kanca
sakelasmu, menawa malah musuhmu sing paling kok pegeli. Teka seprana-seprene
aku mung bisa ngempet rasa iki, nganti sesek rasane dhadhaku.
Apameneh aku ngerti yen saiki sliramu ngesir lan wis PDKT karo
maba 2013. Rasane sansaya ajur mumur atiku. Nanging aku bali takon marang atiku
dhewe. Sapa aku iki?. Sabubare dakpikir-pikir. Sliramu iki mung cobane lakuku
ngolek nglemu. Ancasku kuliyah ing Surabaya iki mung saderma luru ngelmu,
sukur-sukur bisa gawa bali rong trek ngelmu. Kanggo kalawargaku sing ngenteni
baliku.
Tresna kang saiki ana ya tak lakoni kanthi satuhu. Panggah
tresna sanajan ora antuk palilahmu. Sanajan ora antuk walesanmu mugia antuk
pinwales saka Gusti kang Maha Tresna lan Nresnani sakabehe makhluke. Tak jaga
tresnaku kaya jarene Rindi Antika ‘nirwana’ ing tembang campursari
‘Kediri-Singapore’ iki.
Aku tresna neng sliramu Ibarat kopi karo susu
Aku tresna neng sliramu
Tak jaga nganti Loncating
nyawaku
. .
. . . . . . . . . . . . .
Surabaya 7
Januari 2014, 11:40 PM