Sabtu, 07 November 2015

TRESNA WARANGGANA



TRESNA WARANGGANA
Udan sore iki ngesokake sakehe banyu langit kaya ora ana oncate. Tetes baka tetes nelesi panduluku. Mata sansaya brabak. Ora bisa dakempet rasa lara atiku. Dakempet-empet nyatane ora mampet sansaya dleweran. Tumetese iluhku merga sliramu. Sliramu sing daktresnani tibane saiki dadi duweke dheweke. Dheweke sing ujuk-ujuk ana ing antarane aku lan sliramu. Iki pancen dudu salahmu apamaneh salahe dheweke. Nyata-nyata iki salahku. Aku salah, aku salah wis tresna marang sliramu. Yen ta iki takdir saka Gustiku gelem ora gelem kudu daklakoni.
“An… Ayo sholat maghrib jamaah.” Swarane Nur ngagetne lamunanku.
“iya Nur.” Banjur aku semaur karo mlaku menyang kamar njupuk rukuh.
 Kosanku ora adoh saka Masjid Al Kubro, dadi aku lan Nur asring sholat jamaah bareng. Nanging lek pas eling. Hehehe…. .Yen lagi kakehan pikiran senenganku ngadheg ing balkon Masjid, untung masjide tingkat loro. Kaya sore iki. Sabubare sholat Maghrib aku nyawang-nyawang suwasanane masjid Al Kubro sakiwatengene. Mata nyawang mrana-mrene ning ati lan pikiranku ngrembayung menyang pawongan sing tas-tas iki gawe galaune atiku.
“Jan-jane ki awakmu kuwi mikir apa ta An?” ujuk-ujuk Nur ana sisihku.
“ora mikir apa-apa kok Nur.”
“halah aja ngapusi, aku iki kancaku kawit SMP dadi ngerti padatanmu. La wong nyekukruk kaya ngene kok jare ora ana apa-apa. Hayo blakaa wae ana apa ta jane?”. Nur sajak ngrasa ana bab kang disinggitake.
“nyekukruk, pitik ye masa mu.” Karo mesem menyang kanca raketku siji iki.
“mbok ya ngono mesem ja mrengut wae.”
“halah apa ta we ki, ayo mudhun. Daktraktir baksone Cak Gun”
“lah padine nylimur ta, ngerti aku.”
“wis ta ayo.”
Wengi iki rasane dawa banget. Kaya-kaya pengen ndang isuk. Gek kuliyah, pethuk sliramu maneh. Pancen nelangsa yen ngesir bocah tungal kelas kuwi. Nanging penake kena gawe kanca jor-joran. Mulai semester loro kapungkur aku lan slirane jor-joran ing babagan pelajaran. Masiya nganti semester telu iki aku sing kalah ning rasane seje yen ana kancane jor-joran.
cd
Isih eling, jaman maba dhisik. Sliramu tansah ngengeti aku saka kadohan. Ana wae sing kok gatekake. Emboh caraku lungguh, caraku maem, caraku turu yen ing kelas. Wis ana-ana wae sing kok clatu. Aku ora ana pikiran apa-apa. Merga jaman semana sliramu ngesir kanca raketku (nalika jaman semana, saiki wis ora). Nanging merga isih maba dadi during padha wani ngomong, kamongka sakloron padha demen. nanging durung wayahe palinga. Semester loro nalika UP, sliramu dadi pangarsa panitiya lan aku dadi panitiya konsumsi. Meh rong sasi latihan bengi ing kampus. Nalika ana salah sawijine bengi aku krasa ana rasa kang ujuk-ujuk cumondhok ing atiku. Ana rasa kang ujuk-ujuk njerit saka poncotaning ati.
“Aku sayang Sliramu.”
cd
Rasa iki, rasa sing tekane ora isa dakundang. Rasa kang ana sakarepe dhewe. Wiwit wektu iku aku ngupadaya amprih rasa iki dakgawe dhewe. Ora dakwenehne sliramu. Aku ngapusi awakku dhewe. Merga nalika ngilo ana swara lirih kang alok. “Apa kowe pantes sesandhingan karo jaka kae? Apa sing bisa kok unggul-unggulne? Apa kowe wis lali sapa sira sapa dheweke?”  Tuwuh rasa ciut ing ati iki. Ora ana daya maneh kanggo mangsuli pitakon-pitakon iku mau. Mung eluh kang tumetesan dleweran ing pipi kang semaur. Sajak ora trima marang kahanan, ning arep ngapa yen iki pancen wis ginarise Gusti.
Arepa ngoyak kanthi kaya ngapa bae, yen tresna pancen wis dipengggak dening  takdhir ora bakal bisa kacandhak. Nanging yen ora kecandhak ora ateges wis ora ana tresna. Nanging panggah ana tresna kanggo dheweke. Dheweke kang dadi pepujaning atiku. Masiya tresna iki tresna waranggana kaya tembange campursari iki.
TRESNA WARANGGANA
Nelangsa rasa rasane
Tanggis njroning atiku
yen kelingan esem gemuyungmu
laras swara gendhing tresna gawe kangen ing atiku
tansah eling aku ro sliramu
Dhuh kangmas satenan aku ngerti atimu
Ning wis pastine aku dudu jodhomu
Pancen rasa kari rasa
kudu lila nggon mu nrima
lilakna aku nyandhing wadon liya
Ra krasa wis sewindu nggon ku ora ketemu
Deg-degan ati krungu swaramu
Aku mung bisa dedonga
Waranggana sing tresna muga bisa urip nandhang mulya
Dak tulis lakon tresnamu ing gendhing katresnanku
Tak tembangne saben kangen sliramu
 Satenane aku nangis 
Nanging tresna wis ginatis
Tak lakoni kanthi ehlas ati
Wuyungku ngelayung ngembara ing awang-awang
Tanpa bisa nyanding aku mung bisa nyawang
Tumetes eluh ku mblebes mili ana pipi
Apa tresna iki pancen ra kudu nduweni
Wis lilakna aku cah ayu
Wis cukup lalekna
Lelakon tresna iki bakal dadi crita
tresna waranggana
Satemene  aku ora bisa sapleng lila yen dheweke nyandhing kenya liya. Ora arang ana rasa cemburu yen weruh slirane karo kenya liya. Nanging aku sadar, sapa aku iki?. Aku mung kanca sakelasmu, menawa malah musuhmu sing paling kok pegeli. Teka seprana-seprene aku mung bisa ngempet rasa iki, nganti sesek rasane dhadhaku.
Apameneh aku ngerti yen saiki sliramu ngesir lan wis PDKT karo maba 2013. Rasane sansaya ajur mumur atiku. Nanging aku bali takon marang atiku dhewe. Sapa aku iki?. Sabubare dakpikir-pikir. Sliramu iki mung cobane lakuku ngolek nglemu. Ancasku kuliyah ing Surabaya iki mung saderma luru ngelmu, sukur-sukur bisa gawa bali rong trek ngelmu. Kanggo kalawargaku sing ngenteni baliku.
Tresna kang saiki ana ya tak lakoni kanthi satuhu. Panggah tresna sanajan ora antuk palilahmu. Sanajan ora antuk walesanmu mugia antuk pinwales saka Gusti kang Maha Tresna lan Nresnani sakabehe makhluke. Tak jaga tresnaku kaya jarene Rindi Antika ‘nirwana’ ing tembang campursari ‘Kediri-Singapore’ iki.
Aku tresna neng sliramu  Ibarat kopi karo susu
Aku tresna neng sliramu
Tak jaga nganti Loncating nyawaku 
 . . .    . . .      . . . . . .  . . .  
  Surabaya 7 Januari 2014, 11:40 PM

Tidak ada komentar:

Posting Komentar